Friday, May 4, 2007

“Suluk Marga Dadi”

Rep, sidhem permanem prabawane sepi. Jatine sepi, sepi king pamrih kadonyan. Donyane angkara murka. Angkarane hangrubeda, hangripta papa-cintrakane para sudra. Sudrane kawula nagara gung, bangsa kang yektine luhung.
Rep, sidhem permanem prabawane sepi. Jatine sepi iku suwung. Lung tumelung hangungkungake donga. Dongane lung kang rumambat haneng kekayon. Kekayone urip. Hanungsung mring padane Hyang Agung.
Rep, sidhem permanem prabawane sepi. Jatine sepi king pamrih kamilikan. Dadya rame kang hakarya gawe. Gawene para sudra gumregah hamuwus ambangun negara. Reg. Jejegka jejeg ngadeg. Praja prajane kang sayuk saeka-praya.
Rep, sidhem permanem prabawane sepi. Jatine sepi kang suwung. Lung tumelung nyawiji hambengkas rubeda dadiya marga. Margane marga agung, hanungsung para langkung. Sru tumuju mring gesang hadiluhung.
Rep, sidhem permanem hangawigena mastu. Hamastuti werdining dhiri. Lestari Bumi Pertiwi. Gumregut-gumregah para sudra suwawi asung donga bekti mring Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Lestari raharja manjinga para kawula sudra, sadaya. Dadi.

Yogyakarta, 7 Nopember l999

No comments: