Friday, May 4, 2007

Caraka 2: “Saloka Badhar”

Lelangen sajerone urip
gegotrah ing jagad rame hamenangi
anane ula nguntal saloka
salokane caraka sungsang kuwalik

Ha Na Ca Ra Ka
La Wa Sa Ta Da
Pa Dha Ja Ya Nya
Nga Tha Ba Ga Ma

Ula ngaleker kaluyu kaku
hanjengku jagad rame hamenangi
saloka munjal hambradhal uwal
nganthi caraka kuwalik sungsang

Ma Ga Ba Tha Nga
Nya Ya Ja Dha Pa
Da Ta Sa Wa La
Ka Ra Ca Na Ha

Jer urip mono hangelakoni
janterane Kang Rumeksa Gesang neki
polah tan polah tamtu polah
polahe polah sarengate raga
meneng tan meneng tamtu meneng
menenge meneng sarengate rasa

Ciptaning cipta hamengana badhare saloka


Ngayogyakarta, 1998

No comments: