Saturday, May 26, 2007

Kanca Tani ’dha Elinga

Kidang talun,duwe anak talon
Mil-kethemil, mil-kethemil
Si Kidang mangan lembayung
Tikus buntung, duwe anak buntung
Cit-cit cuwit, cit-cit cuwit
Si Tikus saba ing lumbung


Kanca Tani... Kanca Tani... dha elinga
Sapa kang uwis janji
Para dulur dha nyayuki
Janji iku utang, janji iku utang
Yen kelalen ndang elingna
Lali mbanjur-banjur, lali mbanjur-banjur
Ayo padha didongakna
Ben ndang eling, ben ndang eling
Nate janji karo sapa
Ben ndang eling, ben ndang eling
Janji karo sing nyayuki
Kanca Tani... Kanca Tani... yo padha
Dadi siji, nyawiji anandangi
Iki kang dha diugemi
E... kae galo kae
Kidange ndang dicekel
Kidange ndang dicekel
Dicencang aneng kandhang
E... kae galo kae
Tikuse gropyok wae
Tikuse gropyok wae
Dijepret njur digantang
Lembayung angrembuyung
Tegal-sawah ledhung-ledhung
Gabah-pari sundhul lumbung

Krawang, 04.02.2006
(sajerone numpak Sepur Tatsaka II Jogja-Jakarta)

No comments: