Friday, May 4, 2007

Caraka 1: “Mbanyu Mili”



Hambanyu mili…
hamili terus, kaya iline warih
saka tuk menyang kali
kali banjur segara
Saparan-paran mesthi tekan
parane
Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga
Hambanyu mili…
hamili terus, kaya iline warih
saka tuk menyang kali
kali banjur segara
Saparan-paran mesthi tekan
parane
Nga Tha Ba Ga Ma
Nya Ya Ja Dha Pa
La Wa Sa Ta Da
Ka Ra Ca Na Ha
Jati… jati… jati… waluya jati
Lestari Bumi Pertiwi
Raharja para kawula, jagad bumi nuswantara
Hayu… hayu… hayu… hamemayu hayuning Bawana
Langgeng
Hu… silir-sumilir
tut ilining angin jumangkah
nut-turut jantera carakaningwang:
Gesang
Suradira jayaning Rat, lebur dening pangastuti


Yogyakarta, 24 Nopember 1997

No comments: