Sunday, October 11, 2009

“Lantrang-Luntrung, Jantur-Catur”

Komputer sering mati? Ya, dibanting saja! Segera beres dan tidak kepikiran
Maka, rasa jengkel dan jengah itu pendamlah di langit
Salam

(ha ha ha)
( gimana kabarnya? lama banget gak muncul?)

Yen isih muncul, mesti kabar seger kuwarasan.... suwalike, salirane kepriye?

(he he he...lagi wae waras....kena musibah guedhe...)

Apa maneh??? Kabeh kudu disyukuri
Sejatine musibah iku ora ana
Kang ana mung horege kahanan jagad cilik lan gedhe
Owah-owahan alus
Tanpa rinasa, awak dadi tambah gedhe saka bayi
Tambah lemu utawa kuru, banjur tambah tuwa
Iku evolutif
Sing progresif?
Merga ndadak dadi krasa lara
Kaya-kaya iku musibah

(he he he....wah, wah....)

Semono uga komputer
Saben dina ndadak dikon urip
Lagi urip njur nyambut gawe kenceng
Rampung megawe kenceng dipateni maneh
Apa ora komet?

(D bubar, amarga BOSS-e ra gelem maneh mbandani. Aku sakiki megawe ning K-GM)
(Mugi Gusti paring pepadhang)


Sadurunge ora ana njur ana, ana njur ora ana
Tiba wancine mengko yo mesthi ana maneh
Pindah pakaryan? Iku kudu disukuri

(Leres)

Gusti iku pancen
pinter ora ana enteke, apikan tanpa wewatesan
loma saomber-ombere ora ketanggul sawernane tanggul
nyah-nyoh tanpa pilih-pilih..... 

(hi hi hi...wah, wah,...suwe-suwe aku radha bingung. Iki...pasti mari maca buku ya? Utawa dolan menyang ngendi...)

Lah, sing mengkono iku pancen kudu maca
nanging jatine wewacan iku ya sawernane kang ana
kang katon lan kang ora katon
kang rinasa lan kang tan rinasa
kang kanthi gebyar lan kang tanpa gebyar

Dolan... laku... lelungan... 
Iku kang jatine kalampahan saben dinane?
Sauruting napas lan keteging jantung
Sailine getih lan kedute nadi
Sakrentege karep lan saobahing awak
Kabeh mau laku
Semono uga ati lan pikiran kang mosik....

(Amiin)

Gusti tansah paring berkah lan pepayung. Amiin.

Watugunung
(Jakarta, 9 Juni 2009) 


No comments: