Apa iki kang karan wuru
Nggaliyer, gliyar-gliyer jroning papan tanpa awer-awer
Nglegena, sarwa katon kang ginelar
Saben kang katon katrem ing pangarep-arep
Kengguh sawernaning gebyar kang pancen gumebyar
Nanging klawu, jumbuhe malah cemeng cahyane
Lah, apa tumon ana cahyo malah klawu, cumlorot cemeng sunare
Dene samubarang kang bisa kaambah-jinamah
Wujude katon mblerengi
Jagad Dewa Bathara, Gusti Kang Maha Kuwasa
Adeging jejeg lan dununging Kiblat
Asal-usul, juntrunge laku lan lelakon
Ora ana barang aneh lan nganeh-anehi kanggone patrap
Sanajan kasunyatan kang gumelar karan nyleneh lan mbedani
Hara, kepriye iki jatine
Ana kang padha niyat karep lenggah lan ngadeg jejeg
Kelakon lenggah lan jejeg adege
Nanging ora genah ngendi paran adhepe lan juntrungane obah
Tundhone genah mitudhuhi yen wus tan ngerti kiblat
Karepe madhep tundhone mungkur, karep mlaku mengarep malah kasigra mingkur
Karepe mungkur nyatane miring, karep jumangkah mundur dadi nyatane mlaku nyiring
Karepe lerem ngarem-arem ati, jebul dadi cemruwet kekejer ambrebegi
Wancine tandang malah gegojegan sinawung tangis kekejer
Kadya bocah gegojegan, andon jerit rebutan dolanan
Hara, njur sapa ngira kaya mangkene kahanane
Paran para aja nganti kedlarung-dlarung njur tuwas kebablas amblas
Kadipara enggal dandanana, rawatana
Tambuh-tambuh enggal hajuntrungna pitudhuh
Dudu kang mangkono, nanging mangkene iki jatine cahya
Sumunar negesi pasuryan, memadhang pandulu pener
Kang mesthine wujud pancen genah blegere
Kang mesthi sunar, genah cahyane
Ora lan aja nganti kuwolak-walik
Sesuluh kang sanyatane arahane Kiblat
Penere adhep tumrape sapa bae kang dumunung, lenggah apa dene jumeneng
Lumaku obah gumrayah apa dene kang katemben katrem mendel
Enggal, sasarengan samya gumregah
Hayo, samya njejegaken kekajengan
Hamemayu hayuning gesang
Rahayu wilujeng sadayanipun
Watugunung,
(Jakarta, Sabtu Wage - 29 Agustus 2009 – wanci tengah ratri 01:00)
No comments:
Post a Comment