Sunday, October 11, 2009

Carata IV: “Ampak-Ampak Manuk Emprit”

Ampak-ampak manuk emprit sinangga bregada walang sungsang
Sulung tan kengguh geni, ngundang bangkong lelumban udan
Si kodhok kelakon nguntal rembulan, srengenge lan lintang
Angin ilang sumilire, sumuk rinasa tan dleweran kringete

Ha Da Pa Ma
Ga Dha Ta Na
Ca Sa Ja Ba
Tha Ya Wa Ra
Ka La Nya Nga

Sing madeg jebul tanpa adeg-adeg
Rumangsa bisa ngadeg, nanging ora ngerti penere kiblat
Sing melu merga kelu, kekicat mesthi kadya set kepanasan
Hayo, njur becik piye mesthine

Nga Nya La Ka
Ra Wa Ya Tha
Ba Ja Sa Ca
Na Ta Dha Ga
Ma Pa Da Ha

Nering rahsa, aja padha kengguh ing panggodha
Laku jantra kang tansah kagebeng kenceng
Ginebeng kinarya lambaraning tekat
Pamawas trep adeg sasareng brayat jejeg madhep mangarep
Teguh yekti krodhane gumregah karya
Sinangga sareng bregada kawula
Sawernane karti-sampeka, kendhang tepis sumingkir wangsul dhangkane

Jaya-Mulya Brayat Alit Kawula Nuswantara

Watugunung,
(Yogya, 1998 – Pesisir Lor, Juli-2009 – Jayakarta, Oktober 2009)





No comments: