Friday, July 18, 2008

"Seratan Waru-Dhahap" (Di Langit Tengah Malam Jumat, 10 Juli 2008)






WARU : Gek apa, Dhadhap? Ya apa Sampeyan kok diyem, rada sepi ya.
(Sedang apa, Dhadhap? Bagaimana kamu kok diam, agak sepi ya).


DHADHAP : Sepi... samun... suwung... Seser-muser adu lurung... Sabab, ujare para tuwa, jaman kiyene akeh kang padha udur rebutan balung...
(Sepi... sunyi... kosong... Sesar memutar beradu jalan... sebab, kata para tua, jaman seperti ini banyak yang saling bertengkar mulut berebut tulang).

WARU : Balung bolong nggo rebutan. Disesep tiwas kempot. Lurung pancen dawa, ning isih dawa swarane coangkem. Tergejaba bisu. Hehehe...
(Tulang lobang untuk direbutkan. Dihisap malah bikin kempot. Jalan memang panjang, tapi masih panjang suaranya mulut. Terkecuali bisu. Hehehe...).

DHADHAP : Mula si cangkem becik meneng lan gelem leren, mbisu sikik... kareben genah trawaca juntrunge lurung... hehehe...
(Maka si mulut baik diam dan mau istirahat, membisu dulu... supaya terang jelas arahnya jalan... hehehe...).

WARU : Sajake panjenengan samun madeg lurah sepuh. Kok sampun wijang lan wicaksana. Hahaha...
(Kiranya anda sudah menjadi Lurah Tua. Kok sudah arif dan bijaksana. Hahaha...).

DHADHAP : We... lah pripun... kahanan... kedah ngempak awak ngetut angin nganggo ngelmune ron aking... godhong tiba urip... sinau ngelmune lumut, tunggok slulup sailining warih...
(Wo... lah bagaimana... keadaan... harus menempatkan diri mengikuti angin menggunakan ilmunya daun kering... daun kehidupan... belajar ilmunya lumut, duduk menyelam sealirannya air...).

WARU : Balung lan getih lakune menyang endi? Pikiran lan rasa jemenenge ana ngendi? Hahaha... apa kata dunia.
(Tulang dan darah jalannya kemana? Pikiran dan rasa tinggalnya dimana? Hahaha... apa kata dunia).

DHADHAP : Dunia tak berkata-kata... balung, getih lan sapiturute manggon nang papane... banyu mili manut karepe... jagad iku ngadhahi.
(Dunia tak berkata-kata... tulang, darah dan seterusnya bertempat di tempatnya... air mengalir mengikuti kehendaknya... alam raya itu mewadahi).

DHADHAP : Hehehe aku rada teler! Balung lan getih mlaku manut karepe, pikiran lan rasa jumeneng ana dununge (yen tanpa karep lan tanpa dunung, ya digajul bae).
[Hehehe aku agak teler! Tulang dan darah berjalan mengikuti kehendaknya, pikiran dan rasa tinggal di tempatnya (kalau tanpa kehendak dan tanpa tempat, ya ditendang saja)].

WARU : Lha njur neng endi papane menungsa neng ndonya? Apa wis padha ora ngerti yen sing katon kuwi dudu apa-apa. Hehehe...
(Lha kemudian dimana tempatnya manusia di dunia? Apa sudah saling tidak paham kalau yang tampak itu bukan apa-apa. Hehehe...)

DHADHAP : Sing katon ya mesthi apa-apa mungguh jantrane. Yen persis katon tetep ora dianggep apa kang samesthine, kang rumangsa weruh iku sejatine picak lahir-batine.
(Yang tampak ya pasti apa-apa menurut harkat fitrahnya. Kalau jelas-jelas tampak tetap tidak dianggap sebagaimana mestinya, yang merasa melihat itu sesungguhnya buta lahir-batinya).




Karta Skyline, 10 Juli 2008, pkl. 22.52 – 23.52


2 comments:

SLILIT said...

Kang Waru Kang Dhadap,...balung kelangan sunsum, sunsum kelangan balung, getih kelangan daginge, banyu kelangan iline, hawa kelangan angine. gemblung sak paran-paran nyempar mustaka. Iki jaman apa Kang Waru Dadab?, Slilit pitakon.

Ripana Puntarasa said...

Jaman karya-wantah.... kabeh sarwa nglegena... wuda... bali ngasal lan linahirake wangsul... kadipeling para dulur, ambakna iki mung othak-athik mathuk... pangajab bisa gathuk. Pemilu, kabuka kanthi mangsa tetawa swara(kampanye)kang rada dawa wancine... sadawane petung kandhutane Ibu... sangang sasi sepuluh dina... Karya wantah... ngudi apa anane orang ngujubake apa jare... kaya piwulange para Guru Urip kang katembungake dening Sedulur Sikep: apa kang ana, iku kang ka-kandha; apa kang ka-kandha, iku kang nyata; kang nyata, iku sejatine kang ana... Hayo sedulurku Slilit, metu saka jepitan untune jama... gumregah tangi negeske gumontange swara "JEJEG, MARDHIKA"....